Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing
sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya
tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking
kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama
sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener
dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam
kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng
gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba
suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama
dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning
ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa
punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh
mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan,
Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes
suwarnipun Rama.
Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali
ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana,
banjur dheweke bali bebarengan. Endah kagete Rama lan Laksmana menawa
Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya
dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka.
Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane
Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang
Sang Kuasa supaya gugure Jatayu bisa sempurna. Awit saka panyuwune
Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang
lunga ing Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo
Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo
Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise
diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe
Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa
dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing
jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan
dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha,
Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya.
Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi
dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama
ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki
Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan
Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman
arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong kraton
Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.
Akhire, kedadean perang gedhe Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka wujud buta-buta lan wadya balane Rama
dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati Nglengka akeh sing
tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan Shinta bali menyang
Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga
dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur
ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi
pandakwa ala tumrap garwane.


0 komentar:
Posting Komentar